Home » » Medhar Sabda (Ngayubagya Rawuhing Jemaah Haji)

Medhar Sabda (Ngayubagya Rawuhing Jemaah Haji)


Assalamu’alaikum Wr.Wb.
Para sesepuh, para pinisepuh kakung miwah putri ingkang luhur ing budi, para alim ulama ingkang tansah nengenaken tumindak kautaman, Bapak-bapak, Ibu-ibu, para sedherek saha para ingkang sami rawuh ingkang kinurmatan. Mangga kita sedaya tansah hangonjukaken puja astawa puji pudyastuti raos syukur wonten ngarsa dalem Allah S.w.t., dene tansah paring berkah, taufik saha hidayah dhumateng kita sedaya, satemah kita tasih saged sami rawuh saha makempal wonten ing Musola Al-Islam mriki.
Bapak-bapak/Ibu-ibu, lan sedherek-sedherek sedaya, saha para tamu ingkang minulya. Kula ndherek bingah dene panjenengan sedaya sami saged wangsul sasampunipun nindakaken ibadah haji wonten ing tanah suci Mekah, kanthi wilujengan saha saged makempal malih wonten ing satengahing kulawarga lan bebrayan agung kanthi kebak kabagyan.
Bapak-bapak, Ibu-ibu lan sedherek-sedherek sedaya. Sampun sawetawis wekdal panjenengan sedaya sami nindakaken jemaah haji wonten ing tanah suci Makah Al Mukaromah. Kula pitados bilih panjenegan sedaya pikantuk pengalaman-pengalaman ingkang dereng nate panjenengan raosaken saha dipunalami wonten ing mriki. Mugi-mugi kanthi pikantuk pengalaman menika panjenengan saged langkung takwa dhumateng Allah S.W.t..
Panjenengan samenika sampun sami saged makempal malih kaliyan sanak kadang, para kulawarga, kanthi tambah sesebatan pangkat haji/hajah. Mugi-mugi kanthi tambah sesebatan menika saged anambahi tawakal panjenengan sedaya saha saged ngamalaken dhumateng masyarakat, bangsa negari lan agami; sateman saged migunani wonten bebrayan agung.
Mekate menggah atur kula, mugi-mugi panjenengan sedaya tansah pinaringan berkahing Allah S.w.t., lan anggenipun makempal malih kaliyan keluwarga saged sakelangkung ayem tentrem lan sejahtera. Amal panjenegan mugi tambah kathah lan saged dipuntampi wonten ngarsaning Allah S.w.t., pikantuk rahmating  Pangeran saha haji panjenengan menika haji mabrur.
Matur nuwun

Wassalamu’alaikim Wr.Wb.


daftar pustaka
Sutardjo Imam.2011.Pidato Basa Jawi (Pambiwara saha Medhar Sabda).Surakarta: jurusan sastra daerah fakultas sastra dan senirupa UNS

0 comments:

Post a Comment

 
Support : Your Link | http://nynyo.blogspot.com | Your Link
Copyright © 2013. Fian_grafity - All Rights Reserved