Home » » Pambiwara (Upacara Ijab Qobul)

Pambiwara (Upacara Ijab Qobul)

1.      Pambiwara Miwiti Adicara
Assalamualaikum Wr. Wb.
Alhamdulillahi robbil ‘alamin
Asyahadu alai la ha illallah wa asyahadu anna Muhammadarrosullulloh.
Upacara suci adat jawi akad nikah inggih ijab qobul, badhe ijabipun dyah ayu Evy Maula putrinipun Bapak Kusmadi sekaliyan ibu, saking laladan Kudus Semarak, ingkang badhe kaijabaken kaliyan Bagus Abdillah putranipun Bapak Bambang saking laladan Surakarta wonten Masjid Agung Kudus.
Para sesepuh, para pinisepuh kakung miwah putri ingkang luhuring budi saha ingkang tansahkula bekteni. Para ulama ingkang tansah sumandhing kitab suci.
Minangka pambukaning atur, mangga kita sedaya tansah ngonjukaken raos syukur wonten ngarsa dalem allah S.W.T karana kita sami saget rawuh wonten Masjid Agung Kudus kanthi kasarasan saha kakiyatan boten wonten alangan punopo-punopo.
Shalawat dalah salam kita haturaken konjuk Nabi Agung Muhammad S..A.W ingkang sampun maringi rahmad, taufik saha hidayahipun dhumateng kita sedaya. Menawi kita temen-temen, tumemen, temenanan saha istiqomah anggenipun sami nindakaken lan ngamalake, insyaallah anjalari gesang kita sageded bahagia fiddunya wal akhiroh, amin.
Para sesepuh para pinisepuh kakung miwah putri ingkang kula bekteni, menggah urut-urutaning lampah upacara ijab qobul siyang menika :
1.      Adicara sepisan, sasampunipun para kulawarga para sanak kadang sampun sami rawuh wonten Masjid Agung Kudus, sami satata lenggah, ubarampe upacara akad nikah utawi ijab kobul katitipriksa Bapa Hertanto saking KUA Kudus.
2.      Adicara kaping kalih menawi sampun samapta sedaya ubarampe akad nikah, ijab qobul badhe kawiwitan kanthi waosan kitab suci Al-Quran.
3.      Waosan ayat suci Al-Quran paripurna, kalajengaken adicara kaping tiga inggih menika kutbah nikah, wodene ingkang kepareng paring kutbah nikah nenggih ingkang kinurmatan Bapak KH. Maskur.
4.      Paripurna kutbah nikah, adicara kaping sekawan inggih menika upacara ijab qobul ingkang badhe dipun-sarirani wali calon penganten putri nenggih ingkang kinurmatan Bapa Kusmadi.
5.      Paripurna upacara suci ijab qobul kalajengaken adicara kaping gangsal inggih menika waosan doa tumrap badhe penganten sekalihan, ingkang badhe dipunsarirani Bapak KH. Maskur.
6.      Wodene adicara kaping nenem upacara akad nikah.
Mekaten menggah urut-urutaning lampah adicara  upacara ijab qobul, badhe dhaupipun dyah Ayu Evy Maula Sufa kalihan Bagus Abdillah ingkang badhe katindakaken ing siyang menika dinten ahad surya kaping kalih warsa 2013.
2. Ijab Qobul Kawiwitan
a.      Badhe Maos Al Qur’an
Para tamu kakung miwah putri ingkang kula bekteni gegandengan sedaya ubarampe akad nikah sampun sami samapta, katur Bapak KH. Maskur keparenga murwakani kanthi ngaturaken waosan ayat suci Al Qur’an, kanthi surat Annisa ayat setunggal saha  annur, ayat selikur.
Ingkang menika katur bapak KH. Maskur kasumanggaaken.

b.      Maos Al Qur’an paripurna kalajengaken Ijab Qobul
Paripurna waosan ayat suci Al Qur’an ingkang sampun kaaturaken ingkang kinurmatan Bapak KH. Maskur.
Mugi-mugi kanthi dipunpurwakani waosan kitab suci Al Qur’an penganten ingkang badhe lelumban wonten ing madyaning bebrayan agung tansah pinaringan nur saking allah taala.
Para sesepuh, pinisepuh kakung putri ingkang luhuring budi. Adicara kaping kalih inggih menika kutbah nikah kalajengaken upacara akad nikah lan waosan doa.
Wondene seksi penganten putri Bapak Hartono, dalah seksi badhe penganten kakung Bapak Sutanto sampun lenggah satata.
Ingkang menika lumampahipun upacara ijab tumuli badhe kawiwitan kanthi kutbah nikah, lan waosan doa kula pasraaken Bapak KH. Maskur.
Salebeting upacara ijab qobul keparenga para ingkang sami rawuh amijahi HP nipun langkung rumiyin supados boten hangganggu lumampahing upacara suci ijab qobul.
Sumangga lampahipun upacara ijab qobul wiwit madya wasana kula pasraaken ingkang kinurmatan Bapak Kusmadi.
3. Upacara Ijab Qobul paripurna.
Paripurna lampahipun upacara upacara suci ijab qobul, nenggih Rara Evy Maula kaliyan Bagus Abdillah sampun kalampahan wonten Masjid Agung Kudus, ingkang samoun dipunpendhegani Bapak saking KUA kabupaten Kudus hanenggih Bapak Yudoyono.
Awit tansah pikantuk rahmad, hidayah, berkahipun Allah taala lan puji pandonganipun para ingkang sami rawuh mugi-mugi penganten sekaliyan dados keluarga ingkang sakinah, mawaddah, warahmah. Allahumma Amin.
Kula minangka pambyara menawi anggenipun angaturaken urut-urutaning lampah adicara ijan qobul ing siyang menika kathah kekirangan saha kalepatanipun, kula tansah nyuwun lumunturing samudra pangaksama.

Wassalamualaikum Wr. Wb.


daftar pustaka
Sutardjo Imam.2011.Pidato Basa Jawi (Pambiwara saha Medhar Sabda).Surakarta: jurusan sastra daerah fakultas sastra dan senirupa UNS

0 comments:

Post a Comment

 
Support : Your Link | http://nynyo.blogspot.com | Your Link
Copyright © 2013. Fian_grafity - All Rights Reserved